Selamat Datang di Website Resmi Desa Merkawang Kecamatan Tambakboyo Kabupaten Tuban - Merkawang Smart Village

Artikel

Sejarah Desa Merkawang

26 Agustus 2016 15:38:09  Admin Desa  1.200 Kali Dibaca  Produk Desa

SEJARAH RINGKAS DESA MERKAWANG

Merkawang asal biyen ono salah sijine Priyayi lelono ngethok kayu ing salah siji ne alas grumbul  tanpo di sengojo  tatal olehe nebang kayu iku,mencelat ono ing salah siji ne alas grumbul sing dadekno sworo jembleghur,sworo iku koyo sendang amber banyune kang kecemplungan barang abot ,Priyayi kaget/kagum  krungu sworo mau,langsung dewek,e  ningali/madosi sworo inkang  dadek,ake kaget priyayi kolo wau,koyo bledek ing mongso ketigo priyayi kolo wau mados ake sumur ingkang amber toyane,priyayi kolo wau ginak,ake kangge kebutuhan rumah tangga lan sak lintu2 nipun,Priyayi kolo wau nyukani tetenger ing alas grumbul wau kalian nami  Sumur Awang,,ingkang kacetho dados sak mangke

Desa Merkawang

Kawontenan ingkang dados leluhur wonten ing tlatah Dusun merkawang inggih puniko :

  1. Syech Maulana Ishaq ( ingkang sak mangke Makom ipun sebelah kilene Sumur Kawang,ingkang Insya Allah benjeng enjeng wonten Tahlil Umum ing plataran Makom)
  2. Nyai Buyut Mayang sari ( ingkang makomipun sebelah kidul kilen,e Dusun Merkawang,ingkang Insya Allah benjeng dinten Senin Legi dipun wontenaken Tahlil umum ingplataran makom )
  3. Nyai Muninggar utawi Mbah buyut Doyi. ( ingkang makom,e sebelah kilen,e Kantor Dusun Merkawang )

 

Lan maleh Tokoh ingkang gadah tipak babat lan nyebarake agomo Islam ing Dusun Merkawang inggih puniko :

  1. Mbah Kiai Syujak  ( Alm.)
  2. Mbah Kiai Nahrowi  ( Alm.)
  3. Mbah Kiai Syarif  ( Alm )
  4. Mbah H.Taslim ( Alm )
  5. Mbah Kiai Abdus salam ( Alm )
  6. Lan sak meniko di pun terusaken kalian Mbah K.H Syujak……..

Lan Maleh ingkang nate mimpin Deso Merkawang :

  1. Mbah Ki Demang Kawang ( Alm )
  2. Mbah Kamar ( Alm )
  3. Mbah Sakimo ( Alm )
  4. Mbah Ingkang ( Alm )
  5. Mbah Tamsidin ( Alm )
  6. Mbah Kasbu ( Alm )
  7. Mbah Tarman ( Alm )
  8. Mbah Tarmuji ( Alm )
  9. Bpk H.Zubaedi (Alm)
  10. Bpk. H.Mastur
  11. Bpk. Ali Mustain
  12. Bpk. H. Mastur
  13. Bpk. Ahmad Wahib Al haitimi, S. Pt.

Mekaten cerito cekak Asal usul,e Deso Merkawang lan Tokoh2 ingkang nate gadahi peran

maju ne Deso Merkawang,mugi2 Allah SWT maringi keslamatan ing Donyo lan ugi bejeng

wonten akhirat…Amien-Amin Ya Robbal Alamin

Download Lampiran:
Sejarah Desa Merkawang

Kirim Komentar


Nama
No. Hp
E-mail
Isi Pesan
  CAPTCHA Image [ Ganti gambar ]
  Isikan kode di gambar
 


Aparatur Desa

PROFIL DESA MERKAWANG

TUBAN (East Java)

Tuban adalah Kita

Peta Desa Merkawang

Pradiya Suara FM 94.6